Senin, 26 Mei 2025, Esuk, Anggonipun mengeti dinten jadi Lamongan ingkang kaping 456, Camat Ngimbang, Bapak Bambang Purnomo.,AP.,MM lan Bebarengan kaliyan Ketua Tim Penggerak PKK Kecamatan Ngimbang rawuh ing Tugu Tonggak Kelahiran Ronggo Hadi, Bupati kapisan Lamongan Ing Dusun Cancing Desa Sendangrejo Kecamatan Ngimbang Panjenengan rawuh sesarengan kaliyan Forkopimcam lan jajaran saking Kecamatan Ngimbang.
Acara kawiwitan ing esuk, sadurunge nglaksanakake apel, Camat Ngimbang bebarengan karo jajaran nindakake gladi bareng, Beda karo apel sing wis kelakon sadurunge, acara apel iki lumaku nganggo basa Jawa.ing Tugu Tonggak Kelahiran Ronggo Hadi, Bupati kapisan Lamongan. Apel iki ndadekake lan ngelingake kita manawa kéné panggonan kelairan Bupati Lamongan kapisan. Amarga bisa jadi akeh masyarakat Lamongan sing durung ngerti lan paham lokasi lan panggonan Ronggo Hadi nalika dadi Bupati Lamongan kang kapisan
Ronggohadi, ingkang salajengipun misuwur kanthi nama Mbah Lamong, inggih punika Bupati kapisan Lamongan lan tokoh wigati wonten ing sajarah wilayah punika. Panjenengan diangkat dening Sunan Giri kanthi gelar Tumenggung Surajaya, lan pelantikan punika netepaken minangka Dinten Jadi Lamongan. Ronggohadi misuwur amarga kaprigelanipun mbina masyarakat lan nyebaraken agama Islam, saéngga wilayah punika lajeng sinebut Lamongan